"Astaghfirullāh Robbal Baroyā.
Astaghfirullāh, Minal Khothoyā.
Robbi Zidni 'ilman Nāfi'an, Wawāfiqni 'amalan Sholichan..
Yā Rosulallāh salamun 'alaik, Yā Rofi'asyāni waddaroji..
'athfata yājirotal'alami, Yā uhailalju diwalkaromi.."

Ngawiti ingsun nglaras syi'iran.
Kelawan muji marang Pangeran.
Kang paring Rohmat lan Kenikmatan.
Rina wengine tanpo pitungan.

Duh !! Bolo konco, prio wanito.
Ojo mung ngaji sare'at bloko.
Gur pinter ndongeng, nulis lan moco.
Tembe mburine bakal sangsoro.

Akeh kang apal Qur'an Haditse.
Seneng ngafirke marang liyane.
Kafire dewe gak di gatekke.
Yen isih kotor ati akale.

Gampang kebujuk nafsu angkoro.
Ing pepaese gebyar dunyo.
Iri lan meri sugihe tonggo.
Mulo atine peteng lan nisto.

Ayo sedulur, jo' ngelale ake.
Wajibe ngaji sak pranatane.
Nggo ngendaleni iman tauhide.
Baguse sangu mulyo matine.

Kang aran sholeh bagus atine.
Kerono mapan sari ngilmune.
Laku Tareqoot lan ma'rifate.
Ugo hakeqot manjing rasane.

Al-Qur'an Qodim wahyu minulyo.
Tanpo tinulis iso diwoco.
Iku wejangan guru waskito.
Den tancepake ing njero dodo.

Kumantil ati lan pikiran.
Mrasuk ing badan kabeh jeroan.
Mukjizat Rosul dadi pedoman.
Minongko dalan manjinge iman.

Kelawan Allāh kang Moho Suci.
Kudu rangkulan rino lan wengi.
Ditirakati diriadloi.
Dzikir lan suluk jo nganti lali.

Uripe ayem rumongso aman.
Dununge roso tondo yen iman.
Sabar narimo najan pas-pasan.
Kabeh tinakdir saking Pangeran.

Kelawan konco dulur lan tonggo.
Kang podo rukun ojo gawe sio.
Iku sunahe Rosul kang mulyo.
Nabi Muhammad panutan kito.

Ayo nglakoni sekabehane.
Allāh kang bakal ngangkat drajate.
Senajan asor toto dhohire.
Ananging mulyo maqom drajate.

Lamun palastro ing pungkasane.
Ora kesasar Roh lan Sukmane.
Den gadang Allāh suargo manggone.
Utuh mayite ugo ulese...

"PP Madinatussalam"
Diposting oleh Elang Abd...
Visit the Site
MARVEL and SPIDER-MAN: TM & 2007 Marvel Characters, Inc. Motion Picture © 2007 Columbia Pictures Industries, Inc. All Rights Reserved. 2007 Sony Pictures Digital Inc. All rights reserved. blogger templates